Arya Pangiri ya iku sultan kapindho ing Kasultanan Pajang, sing mréntah wiwit taun 1583 nganti 1586 lan nyandhang gelar Sultan Ngawantipura.[1] Dhisiké, Arya Pangiri iku siji Adipati Demak putra Sunan Prawata,[2] sing nikah karo putri pembarepé Sultan Hadiwijaya. Dhèwèké kasil jumeneng ing Pajang sawisé nyingkiraké Pangéran Benawa, putrané Sultan Hadiwijaya.[2] Pangéran Benawa didadèkaké Adipati Jipang.
Pangéran Benawa sajatiné ngrasa ora trima dinganakaké. Ing taun 1587, wadyabala Pangéran Benawa karo Sutawijaya (sing nguwasani laladan Mentaok/Mataram) pungkasané kasil ngalahaké Arya Pangiri, lan Pangéran Benawa banjur dadi sultan katelu ing Kasultanan Pajang.[2]